Tradhisi yaiku kebiyasan sing wis
dilakoke ket suwe lan wis dadi kanggonan saka samubarang warga. Nyekel kukuh
neng tradhisi lan nglakokake ritual sesepuh. Tradhisi iki diwariske
turun-temurun nganti dadi agenda taunan. Tradhisi dadi kanggonan saka kahuripan
neng warga sing ora bisa ditinggalake. Salah siji tradhisi kesebut yaiku
sedekah bumi.
Sedekah bumi ngrupakne tradhisi ungkapan
syukur marang Gusti Maha Kuwaos saka samubarang rahmad. Warga Kelurahan Made,
Kecamatan Sambikerep, Surabaya kulon, mayoritas berprofesi dadi petani. Ngolek
rejeki saka alam karo nyocok tandur lan dadi ungkapan rasa syukur marang Gusti
Maha Kuwaos, mula warga kabeh mujudake sajerone kagiyatan sedekah bumi sing
dilaksanakake saben buyar panen raya. Panen raya dhewe biyasane ana antarane
sasi September lan Oktober.
Sedekah bumi ngrupakne reroncening saka
perangan acara sing dianakake sacara berturut-turut. Diawali karo acara
campursari, banjur pagelaran wayang kulit neng dina pisan. Keloro kegiyatan iki
diadaakake neng punden singojoyo. Jaman biyen punden iki tau dadi panggon ndelik
pasukan bangsa Indonesia neng masa perjuangan. Manut critane pak Matasan sing
asli warga Made lan nduwe umur 66 taun iki, wektu pasukan bangsa Indonesia ndelik
neng kene, Made nggawe Walanda kangelan ngelacak. Kayak-kayak ora tau ana
manungsa sing ngleboni kene iki. Dadine aman pasukan bangsa Indonesia sing lagi
ndelik kuwi. Sesuke acara dibanjurke karo uyon-uyon tayub. Acara iki nekakne
saperangan siden karo gamelan saka njaba kutha kayata Mojokerto. Uyon-uyon
tayub iki diadakake neng ngarep kantor Kelurahan Made sing cukup amba latare.
Dina sabanjure yaiku acara kirab tumpeng
lan prosesi ruwatan. Neng acara kirab tumpeng iki bakal nampak sega tumpeng
karo kelengkapane kayata urap-urap, lauk pauk lan pitik panggang. Tumpeng yaiku
sega sing bentuke kerucut dideleh neng wadhah tampah lan dikepung karo
urap-urap lan lauk pauk utamane pitik panggang kuwi. Cacahe bisa nganti satus
tumpeng luwih. Ora mung sega tumpeng wae ning uga ana buah-buahan, jajan lan
wedhang sing dihias apik. Kuwi durung klebu anchak, anchak yaiku siji reroncening
pakoleh bumi sing neng jerone uga ana tumpeng. Anchak utawa reroncening pakoleh
bumi iki dibentuk akeh maceme lan ukurane.
Bentuke anchak iki akeh maceme gumantung
kreatifitas sing panggawene. Ana sing bentuke pitik jago, pendhapa omah, ula
naga, kreta kencana lan liya-liyane. Amarga ukurane sing gedhe mula dibutuhake
bahan sing cukup akeh. Dina-dina sadurung acara kirab tumpeng, digawe dhisik
kerangkane anchak. Biyasane digawe saka kayu, kawat, kardus, pring, utawa
dluwang semen bekas sing digambar lan diwernani. Karo nemtokake modhele dhisik
bakal gampang nemtokake apa wae sing dibutuhake kanggo nggawe anchak. Ora mung
kanggo kerangkane wae ning uga reroncening pakoleh bumi lan panganan sing
dibutuhake bisa dikira-kira cacahe lan jinise.
Sega tumpeng lan pitik panggang iki dadi
menu wajib sing kudu ana, kanggo keperluane sedekah bumi. Saben wilayah nggawa
anchak sing arep dikirab bareng karo akehe sega tumpeng liyane utamane pitik
panggang. Warga Made nggunakne pitik panggang dadi menu wajib amarga nduweni
makna yen manungsa iku ora oleh niru sipate pitik. “Sipat pitik sing ala yaiku
nek ditemokake karo pitik liyane malah padu utawa biyasane wong adu pitik” Jare
Mbah Seniman. Sing akrab diceluk mbah Man iki umure wis nganti 87 taun, mbah
Man sing isih ketok gagah iki dipercaya karo warga desa dadi pemimpin
upacara-upacara adat neng desa Made. Dheweke ngrupakne mituwa neng desa Made.
Sedekah bumi iki dilaksanakake miturut
panjaluke warga sing kerjasama karo berbagai pihak. Saben RW nggawe
masing-masing siji buah anchak sing gedhe. Sewetara tumpeng lan liya-liyane
digawe saka warga sing ikhlas lan saka kekarepane dhewe nggawene kanggo
ditekakne neng acara ruwatan desa. Anchak lan tumpeng iki arep dibiji lan bakal
entuk trophy. Anchak lan tumpeng dikirab mulai saka dhaerahe dhewe-dhewe
menyang punden Singojoyo. Kesenian Reog Ponorogo uga melu ngeramena. Neng
punden iki wis ana sinden karo gamelan pangiringe.
Sabanjure tumpeng lan anchak wis
kekumpul, para mituwa lan ulem-ulem mawa warga uga wis teka kabeh. Mula acara
ruwatan desa pun dimulai. Ruwatan desa iki yaiku acara donga bareng diawali
karo pambuka banjur sambutan-sambutan. Dibacutake karo ngrungokake gendhing
utawa tembang-tembang Jawa. Sajerone acara ruwatan desa ana lima gendhing sing
wajib dimainake, yaiku serunenan, eling-eling, okolan, gunungsari maburan, lan
sing paling akhir jula-juli Suroboyo. Banjur pengumuman tumpeng sing paling
apik.
Sadurung maca dunga, nglakoni ritual
ngujubno dhisik yaiku menehake tumpeng nang mituwa desa sadurung diruwat. Kedadean
iki dadi pambekten marang para mituwa neng endi dheweke kabeh menehake nasihat
lan petuahe neng kabeh warga desa. Nasihat-nasihat lan arapen mawa donga diucapake
saka mituwa marang kabeh warga sing teka. “Matur nuwun ingkang Gusti Kang Maha
Kuwaos saged uripe saking sari bumi”. Menika potongan pesen saka mituwa desa
Made. Sedekah bumi iki ngeraketake tali silahturohmi antar warga. Kecipta
kerukunan mawa kesadaran kanggo njaga kelestarian alam.
Sabanjure yaiku dheweke bareng sing arep
dipimpin saka ustadz utawa modin. Donga marang Gusti Kang Maha Kuwaos kanggo
kebecikan bareng. Muga-muga umure barokah, awake sehat, rejekine lancar lan
keluwarga rukun. Amiin Yaa Robbal ‘alamiin.
Reroncening acara ruwatan desa wis
mencapai puncake. Sakwise donga mari diucapake, kabeh sing teka dijarna njupuk
lan nikmati panganan, wedhang lan aneka jajan mawa buah-buahan sing ana. Ana
sing mangan neng kana, ning ana uga sing nggawa mulih. Malah ana sing nggawa
tas kresek kanggo jupuki kayata sayuran, lombok, lan buah-buahan. Kabeh sing
teka oleh njupuk lan mangan tumpeng sing ana. Anchak wae mung kari kerangkane wae
amarga mulai saka isi nganti bahan sing digunakne kanggo hias wis entek
diserbu. Warga ora arep ngliwatake acara sing dilaksanakake sataun pisan iki.
Ora mung kuwi wae, wektu acara neng
punden wis buyar, sabanjure yaiku nrima dhayoh sing teka unjung-unjung menyang
omah warga. Para sedulur lan kanca-kanca saka njaba dhaerah Made arep teka
kayata wektu riyayan. Ora heran nek sedekah bumi neng dhaerah Made disebut dadi
riyayane wong Made. Bakal ana aneka macam suguhan, mulai jajan tradhisional,
buah-buahan, lan panganan liyane uga wedhang.
Reroncening sedekah bumi isih durung
buyar. Sawise sholad dhuhur isih ana tradhisi gulat okol yaiku gulat
tradisional khas Made. Gelut iki kajaba kanggo ngeraketake tali silaturahmi uga
kanggo nglestarekake budaya leluhur. Gawe kerukunan lan keharmonisan dalan gelut
iki, merga ora ana dendam kanggo dheweke kabeh sing kalah lan neng gulat okol
njujung sing jenenge sportivitas .
Sadurung dimulai para peserta nganggo
sandhangan adat sing terdhiri saka ikat sirah lan bebed dawa sing nyerupai
slendang sing kanggo dadi sabuk, nganggo kathok cendhek. Iring - iringan
gamelan ngenterna peserta munggah menyang arena saprayogane kesatria ning luwih
keren saka batman utawa superman. Bengok-bengok malah nambahi semangat
dheweke kabeh. Padha cengkereman lan ngupaya nibakna awake musuh neng dhuwur
suket garing. Kuwi salah siji aturan ing olahraga iki yaiku ora oleh duwe kuku
dawa, lan sapa sing tiba dhisik mula dheweke sing kalah.
Peserta gulat okol ora mung lanang wae, nanging
uga ana wadon lan arek cilik. Dheweke kabeh pengin melu bungah ati lan
nglestarekake adat budaya leluhure sawise panen raya. Ana kesenengan ing gulat okol iki uga dadi ajang
hiburan warga made.
Bengine acara dibacutake karo kesenian
ludruk. Kesenian khas Jawa Timuran sing
berkembang lan dikenal neng Surabaya lan
sekitare. Ciri khas saka ludruk yaiku anane tari remo, kidungan,
dhagelan, lan lakon. Crita sing biyasane digawak ing ludruk antarane kayata
crita Sarip Tambak Oso, Sawunggaling, Joko Kendil, lan liya-liya.
Ing acara sedekah bumi neng desa made
iki kabeh wong nduwe rasa seneng. Bungah ati lan ucap syukur karo pakolehane
panen raya. Mulakna kowe kabeh aja heran yen wektu sedekah bumi, saben-saben omah
warga bakal rame ditekani sedulurane lan kanca-kanca sing sengaja teka saka
jaba dhaerah made lan dekne kabeh pancen sengaja diundhang kanggo melu nikmati rasa
bungah ati iki. Mula sing nampak bakal ora
ana bedane karo wektu riyaya. Samubarang
panganan, wedhang, buah-buahan pakoleh pakarangane dhewe wis siap disuguhake.
Kuwi mergane warga ngomong menawa “sedekah bumi iku riyayane wong Made”.
Narasumber
: Mbah Seniman, umur 87 taun
Pak Matasan, umur
66 taun




0 komentar:
Posting Komentar